Kebiasaan Unik Wong Jogja: Nduduhke Dalan Nganggo Arang Arah Mata Angin

Konten Media Partner
9 Juni 2020 14:55 WIB
comment
0
sosmed-whatsapp-white
copy-link-circle
more-vertical
Tugu Pal Putih. Foto: dok. Tugu Jogja.
zoom-in-whitePerbesar
Tugu Pal Putih. Foto: dok. Tugu Jogja.
ADVERTISEMENT
Yogyakarta dadi salah sawijining kutha sing tekan saiki dikenal kenthel budayane. Masarakat Yogyakarta uga nduweni kebiasaan sing unik, sing kadang nggawe wong liya mumet. Wong Yogyakarta uga dikenal sopan lan kalem.
ADVERTISEMENT
Nanging, ana siji kebiasaan wong Yogyakarta sing kerep nggawe wisatawan mumet. Yaiku nduduhke dalan nganggo arang arah mata angin, lor, kulon, kidul, lan wetan. Kebiasaan iki kayane wis mendarah daging ing masarakat Yogyakarta.
“Amarga miturut budaya panggonane Yogyakarta kuwi ing tengah-tengah Segara Kidul lan Merapi kanggo pathokan arah Lor,” ujare Mbah Karti, masarakat aseli Yogyakarta, Selasa (9/6/2020).
Dheweke nerangke, yen zaman biyen karo para sesepuh diparingi pathokan arah Lor yaiku dununge Gunung Merapi sing mesthi ketok. Yakuwi, yen awake dhewe ngadep utawa ndelok Gunung Merapi, ateges tangan kiwa nunjukake arah Kulon lan tangan tengen nunjukake arah Wetan.
Utawa bisa uga adhedasar sinaring srengenge (matahari). Contone, yen wayah esuk ayang-ayangane dhewe kuwi mesthi ana ing iring Kulon, yen wayah sore kuwi nunjukke iring Wetan.
ADVERTISEMENT
“Kagem masarakat Yogyakarta ingkang caos pirsa bab panggonan, griya utawi ndedeleh barang, mesthi ngagem arah mata angin. Kados dene, monggo sepedha motoripun dipun diparkir ing iring kilen (kulon) griya. Griya kula peneripun sak kidulipun ndalemipun pak Lurah,” ujare.
Nanging, kebiasaan unik iki suwi-suwi luntur ing generasi enom. Bocah-bocah saiki ora ngerti babagan arah mata angin, uga yen diduduhi kanggo arang arah mata angin. Mergane, wong tuwa wis arang ngandani pemahaman bab arah mata angin kang dedasar kearifan lokal.
“Generasi saiki uga luwih praktis, kari nunjuk nengen utawa ngiwa. Apa maneh wis ana Google Maps,” tuture.