Tentang KamiPedoman Media SiberKetentuan & Kebijakan PrivasiPanduan KomunitasPeringkat PenulisCara Menulis di kumparanInformasi Kerja SamaBantuanIklanKarir
2025 © PT Dynamo Media Network
Version 1.96.1
![Roti Kolmbeng. Foto: Ted.](https://blue.kumparan.com/image/upload/fl_progressive,fl_lossy,c_fill,q_auto:best,w_640/v1592540054/ul3v9qnxithnsvovgywm.jpg)
ADVERTISEMENT
Yogyakarta nduweni akeh kuliner tradisional sing saiki rada angel ditemoni. Mbok menawa, akeh generasi enom sing ora ngerti kuliner tradisional kuwi. Kayata Roti Kolmbeng. Ing Kutha Yogyakarta dhewe wis rada angel nemokke roti iki. Nanging, ing kabupaten Bantul lan Kulon Progo, isih ana pasar sing dodolan roti kolmbeng.
ADVERTISEMENT
Roti iki jarene wis ana wiwit jaman kolonial utawa jaman penjajahan Landa. Salah siji produsen Roti Kolmbeng sing tekan saiki isih mlaku yaiku, Sutikno, warga Kulon Progo. Dheweke karo bapake isih rajin nggawe Roti Kolmbeng kanggo didol ing pasar tradisional.
“Sedina saged produksi 1000 Roti Kolmbeng kang dipunbiyantu 2 karyawan. Ananging, ing pandemi COVID-19 punika libur 3 wulan,” ujare Sutikno, Jumat (19/6/2020).
Roti Kolmbeng iki digawe saka tepung tapioka (kang saka tela), tepung terigu, gula pasir, lan endhog pithik. Panggawene Roti Kolmbeng iki tradisional banget utawa isih nggunakake cara kuno. Seka cara nggawe adonan, piranti masak, keren kanggo areng kayu, lan grabah kanggo manggang utawa ngoven.
“Perajin grabah ingkang damel oven punika ugi kantun setinggal tiyang ing Sedayu (Bantul),” tuture.
ADVERTISEMENT
Dheweke uga cerita, yen rega bahan-bahan kanggo nggawe Roti Kolmbeng iki munggah mudhun. Wis tau yen rega tepung tapioka luwih larang seka tepung terigu sing diimpor(impor). Nanging, Sutikno tetep produksi Roti Kolmbeng iki.
Bocah-bocah zaman biyen nyebut Roti Kolmbeng iki Roti Kijing. Amarga roti iki bentuke kaya kijing (pratandha kuburan). Ana uga kang nyebut Roti Kala Mbiyen, rotine para sesepuh.